MAULID
NABI MUHAMMAD, SAW
الحمد
لله الذى أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ
اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ وَأَرْسَلَ
رَسُوْ لَهُ عَلَى كَّا فَّةِ اْلاُمَمِ.
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ
خَيْرِ اْلاَنَمِ.
وَعَلَى
اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْكِرَامِ.
أمّا
بعد.
فقال
الله تعالى فى القر أن الكريم.
وَمَا
أَرْسَلْنَاكَ إِلاَّ رَحْمَةً
لِّلْعَالَمِيْنَ.
Hadratul
Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin
sekalian ingkang kulo hormati.
Lewat
suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko,
monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji
syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso,
soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang
nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho
boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan
iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat
kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan
sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.
Ingkang
kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken
dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang
beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju
masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa
Islamiyah.
Poro
Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
Ingkang
kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara,
ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko
saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin
Poro
Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
Berbicara
tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten terpandang
asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados
keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun
pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang
pemimpinipun.
Lha
panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang
sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking
zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten
kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah
Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam
gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib
dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala,
menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami
permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang
lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal
perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat
Rohman Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan,
meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih
meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil,
utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring
tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten
Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107
Ingkang artosipun :
“Lan ingsun ora
ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam”
Poro
Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
Pramilo
wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko,
monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito
syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito
syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta
kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken
amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam.
Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng
Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi
ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun.
Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing
dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados
dawuhipun kanjeng Nabi :
مَنْ
إِعْتَنَى مَوْ لِدِيْ وَجَبَتْ لَهُ
شَفَا عَتِى
“Sing sopo wonge
gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku“
Poro
rawuh ingkang kulo hormat !
Pancen
tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu
(
اركان
المحبّة ثلا ثة)
Rukunipun
cinta meniko wonten tigo
1. Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban
demi cinta, tanpa korban cinta sia-sia.
2. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang
dipun cintai, enjing sonten, siang ndalu, selalu emut lan
nyebut-nyebut
3. Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan
perkataanipun tiang ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan
mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul perselisihan,
ingkang akhiripun timbul kegagalan.
Poro
Rawuh ingkang kulo hormati !
La’
kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan
cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban
kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat
meniko.
Lan
maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito
dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang
dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti
mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto
tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi
syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.
Poro
rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo
nyuwun agungipun pangapunten.
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Tidak ada komentar:
Posting Komentar